Powered By Blogger

Kamis, 30 September 2010

Undangan Jawa atau Ulem


Assalaamu’alaikum wa rahmatuLlahi wa barakaatuh
Nuwun hawiyosipun serat punika sesulihing badan kawula sowan wonten ing ngarsa panjenengan sekaliyan. Mbok bilih Gusti Allah angganjar wilujeng ing samudayanipun, kita badhe gadhah niat ningkahaken yoga kita ingkang nami
Ratih Putri Pratiwi
(putrinipun bapak lan ibu Boediono)
pikantuk
Yudhista Aditya Prastowo
(putranipun bapak lan ibu Soewadjie)
Ugi hangajab rawuhipun para sutresna,
hangestreni khajat nikah ingkang bade rinakit wonten ing
Jl. LA. Sucipto 338f Malang – Jawi Wetan
Lumadi hing dinten
Jemuah Kliwon kaleres tanggal 29 Desember 2006
wekdal tabuh kaping 16.00 WIB.
Mbok menawi panjenengan sekaliyan dhangan ing penggalih sarta mboten wonten alangan saktunggal punapa, kita aturi anyekseni lan angrawuhi kajat lan niat kita kasebat ing nginggil punika. Awit saking rawuhipun para sutresna, keparenga kita nelakaken gunging panuwun.
Cekap semanten atur serat ulem punika.
Tuhu langgeng trisno.
Akad nikah rinakit wonten ing dinten lan papan sami, jam 09.00 WIB
Layang ulem
Nambut silaning akrami:
Dra. NIKEN NASTITI
KRT. Tedjaningrat
Kaliyan
Drs. MARYAN UTAMA
Letkol Sumaryan
Akad Nikah:
Kemis Kliwon,
14 Desember 2006
Pukul 09.00 enjing,
ing griya Jl. Madukismo 123
Ngayogyakarta
Ngayogyakarta, 1 Desember 2006
Nuwun wiyosipun,
Kula angantu-antu keparengipun rawuh panjenengan sekaliyan wonten ing wiwahan panggih/dhaupipun anak kula penganten kekalih, mbenjang ing:
Dinten : Kemis Kliwon [malem Jumuah Legi
Tanggal : 14 Desember 2006 [24 Dulkaidah Alip 1939]
Pukul : 19.00 [pitu sonten]
Papan : Pendhapi Budaya Mandhala Jl. Madukismo 75 Ngayogyakarta
Wasana awit keparengipun rawuh lan berkah pangestu, kula matur nuwun sanget. Nuwun.
Salam taklim,
KRT. Tedjaningrat Kekalih

3.Tuladha Serat Ulem Supitan
Supitan:
1. BAGUS WARSANA
2. BAGUS WARDAYA
Gresipun:
Jumuah Wage, 8 Desember 2006
Pukul 09.00 enjang
ing Dokter Supit Padmasuri
Jampiroso Temanggung
Parakan, 1 Desember 2006
Nuwun wiyosipun,
Kula angantu-antu keparengipun rawuh panjenengan sekaliyan wonten ing syukuran supitipun anak kula jaler kekalih, mbenjang ing:
Dinten : Minggu Wage [malem Jumuah Legi]
Tanggal : 10 Desember 2006 [20 Dulkaidah Alip 1939]
Pukul : 09.00 enjang
Papan : Gedung Mandiri Kecamatan Parakan, temanggung

Wasana awit keparengipun rawuh lan berkah pangestu, kula matur sanget nuwun.
Salam taklim,
Sela Darmaji Kekalih
4. layang Kitir Lelayu
Innalillahi wa inna ilaihi roji’un
Sampun tinimbalan sowan ing pangayunaning Pangeran kanthi tentrem ing RSUP Dr. Sardjito nalika dinten Ahad kliwon, 24 Desember 2006 (3 Besar alip 1939) pukul 11.50 siyang, Bapak/embah sutresna:
KI MANGKUSASMITA
(Yuswa 80 taun)
Layon badhe kasarekaken ing makam Sitisuci, bidhal saking griya sungkawa Jeruksari Gang Megatruh 50, dinten Senen Legi 25 Desember 2006 pukul 14.00
Ngayogyakarta, 24 Desember 2006
Ingkang duhkita
*Nyi Mangkusasmita (garwa)
*Brayat Mangkutana, SH. (putra)
*Brayat Mangkurati, SPd. (putra)
*Brayat Sumargana (raka)
*Brayat Parengkuan (rayi)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar